Kamis, 16 Januari 2020

TONTONA BUDAYA JAWA

    Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran ,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian.Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan menungso.Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu,kelir,debog,seperangkat gamelan,keprak,kepyak,kotak wayang,cempela,lan blencong).

A.    Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan

            Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca.Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:
1.      Dhata faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa diceritakake kanthi cetha.
2.      Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fatka.
3.      Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

·         Titikane teks eksposisi yaiku:

       1.      Ngandharake panemu utawa gagasan
       2.      Nuduhake kahanan sanyatane
       3.       Nggunakake analisis lan sintesis
       4.      Sumber ide bisa saka pengalaman,sikap,utawa keyakinann

·         Stuktur teks eksposisi yaiku:

       1.         Tesis (pambuka): isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake
       2.         Argumentasi (isi): andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wes diandharakake                 ing perangan tesis
       3.       Panutup: utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti                     kang wes diandharakake ing perangan argumentasi

B.   Nulis teks eksposisi

            Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku:
            1.      Nemtokake undheraning perkara utawa tema
            2.      Nemtokake ancas utawa tujuan
            3.      Ngumpulke data saka maneka sumber
            4.      Gawe cengkorongan
            5.      Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi.


        Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

BUDAYA WEWALER


Wewaler sami kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku nganel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa myembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon tuhon 

1.        Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.

2.        Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemubteges ora becik.

3.        Gugon tihon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.


Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kaluwarga, lan kadonyan.


Pituduh

               Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki:
1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kaluwarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan


Wewaler

Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki:
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA



SESORAH

Sesorah iku tembung liya saking pidhato. Pidhato  niku medharake gagasan sarana lesan ingkang ditujokake dening tiyang katah (masyarakat/bebrayan). Katah tembung ingkang maknane sami kaliyan sesoranh inggih punika tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Senajan tegese sami, tembung-tembung wau  kedah patitis anggene ngepasaken. Kedah cocog kaliyan unggah-ungguhe.

A.  Maos lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal [1]
Assalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barokatuhu, [2]
Bapak-bapak, ibu-ibu, kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinabekten. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken nginjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring yaufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken prekawis sekedhik gegayutan kaliyan acara “Apura ingapura” utawi “Halalbihalal” warsa 1437H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kepanger, umat islam saindenging nuswantara samya nindakaken shalat ied. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makaten lan cukup semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wassalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barokatuhu. [9]

Saking tuladha ringkes teks sesorah ing nginggil menika, saged ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1.       Irah-irahan
2.       Salam pambuka
3.       Pakurmatan
4.       Purwaka basa utawi pambuka
5.       Wos utawi isine sesorah
6.       Andharan wose sesorah (yen perlu)
7.       Pangarep-arep (pangajab)
8.       Wasana basa utawi panutup
9.       Salam panutup

 B.      Nanggepi pokok-pokok isine teks sesorah

Sesorah niku cak-cakane namung sairing, tegese kang aktip tumindak namung ingkang sesorah, dene ingkang mirengake mboten gadhah wenang liyan kajaba namung nampa. Tanggapan marang isine sesorah mboten saged diwedharaken langsng sabubare mirengake sesorah, ananging milih wektu ingkang ngepasi. Tatacarane tiyang maringi penemu tumrap isine sesorah kedah nggunakake basa ingkang ngajeni utawi sopan. Supados saged nanggapi ngagem basa ingkang sopan para siswa kedah nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur , sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake ngaggem basa ngoko, krama, utawi krama alus.

 C.      Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

Kados ingkang sampun kaandharaken ing ngajeng menawi ragangan (struktur) sampun gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawi pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah ( yen perlu); pangajeng-ajeng; wasana basa; lan salam panutup. Sasampunipun nulis ragangane, banjur dimekaraken ngagem basa piyambak.

 D.      Maos sesorah kanthi nyuwara

Maos kanthi nyuwara niku maos ingkang ditujokaken marang tiyang liya. Amarga ditujokake marang wong liya ingkang mirengake, mula sintenke mawon ingkang maos saged ngucapaken kanthi: swara ingkang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawi anggone maos ajeng kaliyan ingkang mirengake (kayata ing televisi), kajaba perkara tiga wau katambah pamulad inkang nyumadulur (komunikatif).


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MAA

Rabu, 15 Januari 2020

PRANATACARA


A.     Pangerten saka pranatacara
MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah kang misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana pasamuan, temanten, lan sapanunggale. Basa kang diagem prantacara gumantung karo upacarane.Pranatacara yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.
B.      Mbedhah kaidah pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara:
1.       Salam pambuka
2.       Atur pamuji
3.       Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4.       Wedharing gati
5.       Atur nyuwun pangapura
6.       Panutup
7.       Salam panutup

C.      Maca teks pranatacara
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki:
1.       Pangucapane kang trep
2.       Pamedhote ukara kang trep
3.       Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4.       Mangerteni tandha wacan kang trep
5.       Swara kang cetha
6.       Ngatur alon lan cepete pamaca
7.       Ngolah treping mlebu wetuning napas
8.       Mahami wacan
9.       Pracaya marang diri pribadhi

D.     Kawruh kagunan basa
1.       Tembung yogyaswara
Tembung yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dienggo bebarengan, lan nduweni teges lanang-wadon.
Contone:
-          Bathara-bathari
-          Kendhana-kendhini
-          Hapsara-hapsari
2.       Tembung entar
Entar tegese silihan, yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah teges kiyas).
Contone:
-          Gedhe endase = gumedhe
-          Kethul pikire = bodho
3.       Rura basa
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang salah, ning wis kabacut lumrah.
Contone:
-          Godhog wedang
-          Nguleg sambel
4.       Panyandra
Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra iku gegambaraning kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. Panyandran menggah kabergasaning badan.
Contone:
-          Rambute ngombak banyu
-          Drijine mucuk eri
-          Alise nanggal sepisan
5.       Pepindhan
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi  irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadi, kadya, lir, pendah.
Contone:
-          Lakune kaya macan luwe
-          Rukune kaya mimi lan mintuna
-          Suwarane kaya bledheg



Sumber: 
gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020

Pawarta

Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Menawa ditingali saking saranane, enten pawarta kang ngagem medhia cithak lan enten uga kang ngagem medhia elektronik. Kang ngagem medhia cithak upamane, ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dene kang ngagem medhia elektronik saget katemokake ing radhio, tv, lan internet.

A. Maca lan Nemokake Isine Teks Pawarta

Maos teks pawarta kang tujuane supados ngertos isine, saged disaranani ngagem mangsuli pitakon kang gegayutan kalihan 5W+1H, kang jlentrehe:

What : kadadeyan apa kang diwartakake?
Who : sapa wae kang diwartakake?
When : kapan wektu kalakone kadadeyan?
Where : ing ngendi papan kalakone kadadeyan?
Why : geneya bisa kalakon kadadeyan?
How : kepriye mungguh kalakone kadadeyan?

B. Nanggepi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta

Supados saged nanggepi utawi menehi panemu gegayutan kalih pawarta kang diwaca, prayoganepara siswa ngertos ragangan utawa strukturipun pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saking 4 perangan kang baku, yaiku:
1. headline : irah-irahane pawarta utawa ringkesane
2. dateline : papan lan wektu kadadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kadadeyan
3. lead (emperane pawarta) : isine ringkesane pawarta
4. bleger : bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau.

C. Nulis Teks Pawarta Kanthi Ragam Basa Kontekstual

Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perangan bleger. Cara anggone penulis nyuguhake bleger adhakane nggunake modhel piramida utawa kronologis utawa piramida kuwalik utawa uga black paragraph.
Modhel piramida iku yen angone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penthing ndhewe. Dene modhel black paragraph ora mentingke perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene kabeh perangan dianggep padha pentinge.

D. Maca Teks Pawarta Kanthi Nyuwara

Maca kanthi Nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokke, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang nyumadulur ( komunikatif).

SUMBER: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA