Tontonan wayang kang padatan sinebut
pagelaran ,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian.Unsur
kasebut ing antarane unsur barang lan menungso.Kang kalebu unsur barang yaiku
ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang
kagawe saka kulit lembu,kelir,debog,seperangkat gamelan,keprak,kepyak,kotak
wayang,cempela,lan blencong).
A.
Ngrembug
teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos
supaya pamaos oleh informasi kang genep sabanjure bisa ngrembakake pangertene
sing maca.Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:
1.
Dhata faktual,yaiku sawijining
kahanan kang nyata ana,lan bisa diceritakake kanthi cetha.
2.
Sawijining analisis
utawa penafsiran objektif sawijining fatka.
3.
Fakta ngenani pawongan
kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
·
Titikane
teks eksposisi yaiku:
1.
Ngandharake panemu
utawa gagasan
2.
Nuduhake kahanan
sanyatane
3.
Nggunakake
analisis lan sintesis
4.
Sumber ide bisa saka
pengalaman,sikap,utawa keyakinann
·
Stuktur
teks eksposisi yaiku:
1.
Tesis
(pambuka): isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake
2.
Argumentasi
(isi): andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wes diandharakake ing perangan tesis
3. Panutup:
utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang
wes diandharakake ing perangan argumentasi
B. Nulis teks eksposisi
Urutan carane gawe teks
eksposisi yaiku:
1. Nemtokake
undheraning perkara utawa tema
2. Nemtokake
ancas utawa tujuan
3. Ngumpulke
data saka maneka sumber
4. Gawe
cengkorongan
5. Ngrembakake
cengkorongan dadi teks eksposisi.
Sumber:
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA