Wewaler
sami kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang
kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku nganel marang
prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora.
Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon
tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa myembadani
prekara sing dianggep mbebayani iku.
Gugon
tuhon
1.
Gugon tuhon
salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng
yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa
Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
2.
Gugon tuhon
wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh
nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemubteges ora
becik.
3.
Gugon tihon
kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal
amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora
melu nindakake.
Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler.
Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan,
kabangsan, kaluwarga, lan kadonyan.
Pituduh
Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku
kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki:
1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kaluwarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan
Wewaler
Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha
dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki:
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan
Sumber: Gegaran
Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA
Sangat bermanfaat
BalasHapusMantul
BalasHapusTerima kasih ya untuk ringakasannya. Ringkasannya mudah dimengerti serta lengkap dengan sumber literaturnya.
BalasHapusTeruslah berkarya, dengan membuat karya tulis yang bermanfaat dalam pembelajaran.
Terima kasih sangat bermanfaat dan membantu dalam memahami materi
BalasHapus👌👌
BalasHapus