Kamis, 16 Januari 2020

SESORAH

Sesorah iku tembung liya saking pidhato. Pidhato  niku medharake gagasan sarana lesan ingkang ditujokake dening tiyang katah (masyarakat/bebrayan). Katah tembung ingkang maknane sami kaliyan sesoranh inggih punika tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Senajan tegese sami, tembung-tembung wau  kedah patitis anggene ngepasaken. Kedah cocog kaliyan unggah-ungguhe.

A.  Maos lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal [1]
Assalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barokatuhu, [2]
Bapak-bapak, ibu-ibu, kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinabekten. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken nginjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring yaufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken prekawis sekedhik gegayutan kaliyan acara “Apura ingapura” utawi “Halalbihalal” warsa 1437H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kepanger, umat islam saindenging nuswantara samya nindakaken shalat ied. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makaten lan cukup semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wassalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barokatuhu. [9]

Saking tuladha ringkes teks sesorah ing nginggil menika, saged ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1.       Irah-irahan
2.       Salam pambuka
3.       Pakurmatan
4.       Purwaka basa utawi pambuka
5.       Wos utawi isine sesorah
6.       Andharan wose sesorah (yen perlu)
7.       Pangarep-arep (pangajab)
8.       Wasana basa utawi panutup
9.       Salam panutup

 B.      Nanggepi pokok-pokok isine teks sesorah

Sesorah niku cak-cakane namung sairing, tegese kang aktip tumindak namung ingkang sesorah, dene ingkang mirengake mboten gadhah wenang liyan kajaba namung nampa. Tanggapan marang isine sesorah mboten saged diwedharaken langsng sabubare mirengake sesorah, ananging milih wektu ingkang ngepasi. Tatacarane tiyang maringi penemu tumrap isine sesorah kedah nggunakake basa ingkang ngajeni utawi sopan. Supados saged nanggapi ngagem basa ingkang sopan para siswa kedah nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur , sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake ngaggem basa ngoko, krama, utawi krama alus.

 C.      Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

Kados ingkang sampun kaandharaken ing ngajeng menawi ragangan (struktur) sampun gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawi pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah ( yen perlu); pangajeng-ajeng; wasana basa; lan salam panutup. Sasampunipun nulis ragangane, banjur dimekaraken ngagem basa piyambak.

 D.      Maos sesorah kanthi nyuwara

Maos kanthi nyuwara niku maos ingkang ditujokaken marang tiyang liya. Amarga ditujokake marang wong liya ingkang mirengake, mula sintenke mawon ingkang maos saged ngucapaken kanthi: swara ingkang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawi anggone maos ajeng kaliyan ingkang mirengake (kayata ing televisi), kajaba perkara tiga wau katambah pamulad inkang nyumadulur (komunikatif).


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MAA

4 komentar:

  1. Terima kasih ya untuk ringakasannya. Ringkasannya mudah dimengerti serta lengkap dengan sumber literaturnya.

    Teruslah berkarya, dengan membuat karya tulis yang bermanfaat dalam pembelajaran.

    BalasHapus