Sesorah iku tembung liya saking pidhato. Pidhato niku medharake gagasan sarana lesan ingkang
ditujokake dening tiyang katah (masyarakat/bebrayan). Katah tembung ingkang
maknane sami kaliyan sesoranh inggih punika tanggap sabda, tanggap wacana,
medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Senajan tegese sami, tembung-tembung
wau kedah patitis anggene ngepasaken. Kedah
cocog kaliyan unggah-ungguhe.
A.
Maos lan
nemokake struktur lan kaidah teks sesorah
Sesorah Halalbihalal [1]
Assalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barokatuhu, [2]
Bapak-bapak, ibu-ibu, kaum muslimin muslimat
ingkang satuhu kinabekten. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken nginjukaken
pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT,
ingkang sampun paring yaufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing
ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken prekawis sekedhik gegayutan
kaliyan acara “Apura ingapura” utawi “Halalbihalal” warsa 1437H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu
kepanger, umat islam saindenging nuswantara samya nindakaken shalat ied. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum
muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat
fitrah. [7]
Makaten lan cukup semanten atur kula, nyuwun
pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wassalamu’alaikum wa rohmatullahi wa barokatuhu. [9]
Saking tuladha ringkes teks sesorah ing nginggil
menika, saged ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9
perangan, yaiku:
1.
Irah-irahan
2.
Salam
pambuka
3.
Pakurmatan
4.
Purwaka
basa utawi pambuka
5.
Wos utawi
isine sesorah
6.
Andharan
wose sesorah (yen perlu)
7.
Pangarep-arep
(pangajab)
8.
Wasana
basa utawi panutup
9.
Salam
panutup
B. Nanggepi pokok-pokok isine teks sesorah
Sesorah niku cak-cakane namung sairing,
tegese kang aktip tumindak namung ingkang sesorah, dene ingkang mirengake
mboten gadhah wenang liyan kajaba namung nampa. Tanggapan marang isine sesorah
mboten saged diwedharaken langsng sabubare mirengake sesorah, ananging milih
wektu ingkang ngepasi. Tatacarane tiyang maringi penemu tumrap isine sesorah
kedah nggunakake basa ingkang ngajeni utawi sopan. Supados saged nanggapi
ngagem basa ingkang sopan para siswa kedah nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane
luwih dhuwur , sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono,
kang nanggapi bisa nemtokake ngaggem basa ngoko, krama, utawi krama alus.
C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
Kados ingkang sampun kaandharaken ing ngajeng
menawi ragangan (struktur) sampun gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka;
pakurmatan; purwaka basa utawi pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose
sesorah ( yen perlu); pangajeng-ajeng; wasana basa; lan salam panutup. Sasampunipun
nulis ragangane, banjur dimekaraken ngagem basa piyambak.
D.
Maos sesorah kanthi nyuwara
Maos kanthi nyuwara niku maos ingkang
ditujokaken marang tiyang liya. Amarga ditujokake marang wong liya ingkang
mirengake, mula sintenke mawon ingkang maos saged ngucapaken kanthi: swara ingkang
cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawi anggone maos ajeng
kaliyan ingkang mirengake (kayata ing televisi), kajaba perkara tiga wau
katambah pamulad inkang nyumadulur (komunikatif).
Sumber:
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MAA
Terima kasih ya untuk ringakasannya. Ringkasannya mudah dimengerti serta lengkap dengan sumber literaturnya.
BalasHapusTeruslah berkarya, dengan membuat karya tulis yang bermanfaat dalam pembelajaran.
Bagus banget. Suwun
BalasHapusMantap
BalasHapusSangat membantu. Suwun ya
BalasHapus